12 Februari 2016

WEJANGAN SYEIKH NAWAWI AL BANTANI (BAHASA JAWA)

Add caption

Add caption
























Untuk kali ini penulis sampaikan sebuah nasehat yang agung dari kanjeng Syech Nawawi Al Bantani perihal istighfar yang penulis ambil dari sebuah kitab karangan beliau yang diberi judul TANQIHUL QOUL.  Dimana kitab tersebut telah di translate ke dalam bahasa Jawa Arab Pegon ala Pesantren.  Penulis mengambil nasehat tersebut dari bab 20 yang termuat dalam kitab tersebut.  Akan tetapi penyampaian kali ini berbeda dari yang lainnya, karena penulis menggunakan bahasa Jawa seperti yang termuat dalam kitab tersebut.  Untuk pembaca yang tidak bisa bahasa Jawa, sebaiknya menanyakan kepada yang bisa berbahasa Jawa.  Marilah kita simak nasehat beliau yang sangat berguna bagi diri kita yang masih berlumur dosa ini.  Semoga pembaca sekalian dapat mengambil manfaat dan mengamalkan nasehat dari Kanjeng Syaikh tersebut.  Selamat membaca…!!


Bab kaping 20 nerangaken fadhilah istighfar. 
Allah Ta’ala wus ngendiko:
“Wastaghfirillaaha innallaha kaana ghofuuror rokhiimaa.”  Ingkang artosipun:
Lan nyuwuna pangapura marang Allah Ta’alaa, sak temene gusti Allah iku Maha paring pangapura lan Maha asih.
Tumrap wong-wong kang padha takwa marang Allah den sediakake suwarga kang ana ing ngisore mili kali-kali kang endah.  Deweke padha langgeng sak lawase ana ing dalem suwarga iku.  Lan uga den sediakake widodari-widodari kang den sucikake (ora tau haidh) sarta kebak ing karidhone gusti Allah.  Sak temene gusti Allah iku Maha Mangerteni marang kawula-kawulane.  Yoiku wong-wong kang tansah dungo: Rabbanaa innanaa aamannaa faghfirlanaa dzunuu banaa wa qinaa ‘adzaa bannar.  Yoiku wong-wong kang tansah pada sabar, jujur, taat, nafaqohake bandane kanggo agama, lan wong-wong kang padha nyuwun pangapura ana ing wektu sahur (wayah tengah bengi).

Kanjeng Nabi SAW wus ngendika: “Saben-saben lelara iku ana tambane, dene tambane penyakit dosa iku moco Istighfar.”
Rosulullah Saw wus ngendika: “Saben-saben perkara iku anduweni pepaes.  Dene pepaese dosa iku moco istighfar.”
Rosulullah Saw wus ngendika: “Sapa wonge nyuwun pangapura, Allah Ta’ala mesti paring pangapura marang dewekne senajan dewekne iku kalebu wong kang melayu saking barisan perang.”

Keterangan:
Wong kang nindakake dosa kudu tansah nyuwun pangapura marang Allah ta’alaa kanthi ngakeh-akeh ake maca istighfar.  Kanthi cara kang mengkono iku Allah ta’ala bakal paring pangapura, senajan dewekne kalebu wong kang melayu saking barisan perang.  Ing mongko melayu saking barisan perang kang tanpa sebab iku kalebu golongane dosa kang gedhe.



Imam Nawawi ing dalem kitab Al Adzkar wus paring keterangan yen sak temene panjenengane wus ngeriwayatake sewijine hadits ing dalem kitab Sunan Abi Dawud lan Sunan Tirmizdi saking Ibnu Mas’ud, Rosulullah SAW wus ngendika:
“Sapa Wonge Maca:
ASTAGHFIRULLAHAL LADZII LAA ILAA HA ILLAA HUWAL KHAYYUL QOYYUUMU WA ATUUBU ILAIH.
Mangka kabeh dosane den ngapura senajana dewekne wus tau melayu saking barisan perang.

Rosulullah SAW wus ngendika:
“Ora aran netepi dosa wong kang tansah nyuwun pangapura marang Allah ta’ala senajan dewekne mbaleni lelakon dosa sedina kaping 70.
Keterangan:
Rosulullah SAW paring keterangan sapa wong nindakake dosa banjur maca istighfar mangka dewekne ora kalebu wong kang netepi dosa, senajan sedina den baleni kaping 70 utawa luwih.  Kang kaya mengkono iku nyocoki Pangandikane Allah Ta’ala:
“Lan padha nindakna sholat ing wektu esuk lan sore, sarta ana ing awale wektu bengi, sak temene penggawe-penggawe becik iku biso ngelebur penggawe-penggawe ala kang kaya mengkono iku minangka pepeling tumrap wong-wong kang padha eling marang Allah.”

Dadi, sapa wonge nindakake lelakon ala becik banjur den ganteni ngamal kang becik.  Kanthi cara mengkono Allah ta’ala bakal tansah paring pangapura marang dewekne.  Pangendikane Rosulullah ana ing hadits liyo:
“Wedio sira marang Allah ana ing endi-endi wae papan.  Tut mburenono penggawe ala kanthi penggawe becik, sahinggo oleh pangapura kab serawunga karo ummat manungsa kanthi akhlak kang bagus.”
Rosulullah SAW wus ngendika:
“Sapa wonge nyuwun pangapura sak wuse nindakake dosa mangka Allah Ta’ala bakal paring pangapura, sebab Istighfar iku minangka kafarate dosa.”
Keterangan:
Imam Nawawi ing dalem kitab Al Adzkar wus paring keterangan yen sak temene Rosulullah SAW wus ngendika:
“Demi zat kang awak ingsun ana ing dalem kekuasaane, lamun sira ora padha nindakake dosa, yekti Allah ta’ala bakal ngganti kanthi kaum kan padha nindakake dosa banjur pada nyuwun pangapura, sahinggo Allah ta’ala paring pangapura marang kaum iku.”
Dadi sak apik-apike manungsa hiya iku kang nindakake dosa banjur maca istighfar.  Yen ana manungsa kok ora nindakake dosa, iku dudu manungsa maneh.  Tegese nyalahi fitrahe kamanungsane, nanging aja neja nindakake dosa, laku maksiat kudu den dohi, yen kapekso nindakake maksiat mula inggal-inggal taubat.

“Sapa wong kang ngakeh-akeh ake maca istighfar, mangka Allah ta’ala bakal ngilangake kesusahan lan keprihatinane sarta paring marang dewekne rizki kang ora kanyono-nyono.”
Syeikh Nawawi Al Bantani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berkomentarlah secara bijaksana dan sesuai topik pembahasan.